Rabu, 23 September 2009

RERASAN TONO, TINI, DAN KANCIL - NJARING ANGIN

Cempé, cempé, undangna barat gedhé tak opahi tahu tempé,
Cempa, cempa, undangna barat dawa tak opahi gula klapa.

Nèk ora salah ngono (sing rada dipas-paské) aku ndhisik usaha ngu-lukaké layangan manawa ora ana angin. Maknané apa ora pati ngerti, nanging kebak pengarep-arep ana angin teka, syukur rada gedhé, bèn layanganku bisa muluk, mégal-mégol ngetutké olahan benang ana tangan. Ning apa ya banjur ana angin teka, kanthi tak bengak-bengoki nganggo tetembangan sing mung butuh nadha mi, ré karo dho thok iki. Mesthine ya ora klakon, angin kok dipeksa bocah dolanan. Ora-a cah dolanan, kanthi diundang wong sing ahli waé, sing jenengé angin kétoké kok ora bisa dipeksa manungsa. Cathetané beda manawa nganggo sarana kipas angin sak bangsané.
Angin, barat, bayu, maruta ana jenengé nanging ora ana wujudé, kadhang ora dibutuhaké tekané, kadhang bisa dibutuhaké kanggo nentremké kahanan, kanggo mbantu sarana kegiatan padinan, kadhang dadi nelangsane jagad panguripan iki. Angin bisa teka ana wektu sing ora pas wektuné kanggo manungsa, muspra ing sakabèhé. Angin bisa teka ana kahanan sing pancèn dibutuhaké, kebeneran banget kanggoné. Angin bisa teka malubèr-lubèr, sing pancèn dibutuhké, nèk isa waé disimpen, dimetokaké ing wektu butuh.
Ana ing mlakuné pasamuan (ing babagan iki mligi kegiatan kang nyengkuyung iman) angin bisa diumpamaké budi, pikiran, idhé utawa pe-manggih, usulan, rancangan, lan liya-liyané, sing tuwuh saka umat utawa paguyuban, kang nduwèni pangarep-arep mbiyantu ngangkah gegayuhan luhur.
Ana ing kahanan panas ngenthak-enthak (Pethuk matur nuwun wis di-ajari mbah Winarno), rasane keslimur yen lungguhan ngisor uwit, angin semilir ngelus mripat sing nyangga rasa ngantuk. Wah nikmat tenan. Dadi ana ing kahanan panas, garing, tanpa rasa, tekaning angin sing pas dibu-tuhaké, tansah migunani. Kegiatan paguyuban pasamuan uga asring krasa kang kaya ngéné, ampang (hampa), asal mlaku kang rasané tanpa guna, ora ana lelaku babar pisan, ora ana pepinginan (motivasi), lan liya-liyané. Ana ing kahanan ngéné mbutuhaké tuwuhing pamikiran umat, motivator (jare pak Tuk), gagasan bebarengan.
Gagasan lan pamikiran terkadhang ana, malah terus ditata bebarengan, nanging merga beban umat sing mawarna-warna ora kabantu lan kaseng-kuyung kanthi temen, dadi mandheg lan muspra ora bisa mlaku kaya keka-repan. Ana pamanggih salah sawijining umat ing pepanggihan lingkungan, utawa wilayah, utawa paroki; sing mesthiné banget migunani, nanging mar-ga ora ana sing gelem mbuka ati nangkep pamanggih, utawa ana tetim-bangan sesaat; dadi ora katampa utawa dikiwakaké, dirembug wektu liya, ning nyatané dadi lali kabèh, mandheg ing pamanggih thok. Banjur sapa sing kuduné madhahi gagasan-gagasan iki? Amarga tumrap umat sing ndu-wèni gagasan ya banjur nduwé sikap lèh-lèh luwèh, dienggo apa repot-repot mikir, nèk ora ana sing gelem nanggapi, kanggo pangaksané pagu-yuban ya ora ana salah, merga sangganing kahanan padinan kang lagi ora bisa kecandhak, ora ana kesempatan mikir sing luwih amba.
Ana kahanan kang ayem tentrem, adem, panas, lan wektu sing mlaku kanthi saling ngisi/bersinèrgi (muga-muga mas San ora alèrgi maos ukara iki), lakuning angin ora digatèkaké. Ing kegiyatan pasamuan mlaku nye-nengaké, umat sregep, guyub, saling isi karo pangon sing gelem nyampur ing atine wedhus-wedhus; kaya-kaya wis ora mbutuhaké pamanggihan liya manèh. Kamangka sejatiné ana paédahé ngrasakaké, ngrungokaké ma-nawa ana angin teka, mbuh ngélékaké manawa musim-é léwat, mbuh gagasan ndedawa kahanan sing luwih positif, mbuh angin apa manèh. Umpamané (mung kanggo conto – saknyatané ora lho): Saiki ing kegi-yatan umat Paroki Bedono, kabèh wis dirasa apik lan nyengsemaké, amarga dirasakké wis luwih apik tinimbang sing naté dilampahi, bisa-bisa ndadékaké pangrasa kita dadi kurang. Dadi ora katon sing mestiné butuh dipikir, lan mesthiné bisa ndukung pakaryan sing luwih ngregengaké manèh, kaya ta: ing paroki iki akèh seni lan budaya sing manawa dicekel bebarengan bisa luwih ngguyubaké lan mekarake iman ing tlatah wewengkon sosial masyarakat; utawa ngrasakaké bebarengan bèn ngerti ana apa ta ngajak umat utawa paguyuban sing durung ènthèng melu cecawé ing kegiyatan bebarengan rasané kok abot banget (hallo, kaum muda Santo Yusup, ditunggu rekan-rekan untuk ikut berbaur lho!). Dadi, apa kudu ana sing nampani lan madhahi gagasan sing sakbeneré diperlokaké, nanging dikiwakaké kahanan?
Ana angin sing ora ngerti wektu kebutuhaning manungsa, mbuh angin apik utawa angin ngrusak lingkungan, mbutuhaké antisipasi kang bener tumrap makhluk urip lan lingkungané. Angin gedhé bisa ditangkap déning para ahli pikir lan pangréka daya dadi sumbering ènèrgi, kang migunani banget hasilé. Angin sing metu saka bokongé Semar, dadi gegering para Dewa kahyangan. Topan ing segara nggawé wediné para nelayan, kaya Santo Petrus sing uga bingung lan wedi dadi njempaliaké prahu sing uga kagem saré Sang Guru.
Ing kegiatan sing dirasa wis akèh pakaryan apik sing wis lumaku, kadhang ana waé tambahan gagasan apik, gagasan luwih apik maneh liyane, gagasan apik banget liyane manèh; kang prayogané bisa disengkuyung lan dilakokaké. Merga akèh banget sing dirasa apik kabèh ditrima iya, kabèh dipikir lan direncanakaké kudu mlaku, nanging bisa-bisa malah mbingungaké liyan sing kudu melu, dadi ora tuntasé lelaku sing wis direngkuh. Apa ora luwih apik manawa mlaku saknyandhaké asal akèh hasilé. Kaya sing dicontokké Pak Christ: finished what you have started/ selesaikan apa yang telah anda mulai/tuntasna pakaryan kang wus kok rengkuh – dadi pakaryan mbuh ing kategori gedhé, utawa kategori cilik kang tanpa arti utawa makna, mesthiné kudu dirampungké, disangga nganti tuntas. Ora mung merga wis dadi pangarep, sing diutamaké sing katon lan bisa ndadèkké rasa gumun/éraming liyan sing mung dicekel. Ora mung nglontaraké gagasan lan masrahaké rancangan kang kudu ditindakaké liyan njur ditinggal leng, nanging uga gelem bebarengan mlaku lan berkegiatan nganti tuntas ing pakaryan sangganing umat lan lingkungan.
Dadi, saknyatané ing lakuning pasamuan tuwuh angin-angin positif, pinemu-pinemu kang prasaja nanging durung ditampa liyan, pakaryan kang wis dirancang abot ing laku, rasa angèl ngajak umat bebarengan nyangga renggan, ana perkara-perkara sing diadhepi umat utawa lingkungan, butuh kegiatan sing bisa mbantu nuwuhaké motivasi pribadi, lan liya-liyané. Iki kabeh butuh wadhah sing bisa nampung tanpa bates tetimbangan umum, bisa peka nyinaoni isining tetampungan mau kanthi pertimbangan sing meng-umat, bisa ngusulaké langkah-langkah prioritas kanggo pangarep lan gembalaning umat kanthi nrithik nganggo data pendukung tekan hasil sing dingèngrèng, kang kabeh mbiyantu pertimbangan.
Kanthi rerasan sing jero aku wani mbuka pamanggih, yaiki wadhah sing sejatiné diarani R&D (research and development – penelitian dan pengembangan), wadah sing kudu bisa njaring angin positif utawa negatif, gelem mlebu ing jagad lingkungan utawa keluarga, gelem melu mangertèni lakuning perkembangan jaman saka ngendi waé, lan bisa nuwuhaké rerancangan sing bisa dienggo ngrembakaaké iman umat kang migunani uga kanggo masyarakat sakiwa tengen. Wadhah iki mbiyantu langsung Ketua lan Wakil Ketua Déwan Paroki kanggo pertimbangan rerancanganing kegiatan. Déné ing babagan tanggung jawab ing wewengkon Pasamuan Suci sajaké ora bisa wadhah iki ditunjuk salah sijining wong, nanging mesthiné diisi kelompok pemikir lan para sesepuh ingkang taksih ènèrgik purun menggalih sesarengan uriping gréja.
Conto kongkrit-é pakaryan R&D : ing dhata sing wis mlebu ana masalah sing mèlu kegiyatan Pendalaman Kitab Suci kok ora bisa akeh, tim R&D nggolèki masalah sing ana sak akèh-akèhé, terus diudhari bebarengan, umpamané banjur fokus tekan rasa jenuh umat merga matèri abot, merga sing ngudhari mung kuwi-kuwi waé; banjur kaangkah butuh penyegaran pe-motivator liya, diteruske ngrumusaké dhata lan ngajokaké Dewan kanggo pertimbangan nganakaké seminar déning pe-motivasi ahli umpamané, utawa cukup nggunakaké rotasi pemandhu lingkungan. Iki mung conto.
Mbok manawa bidang iki isih adoh ana ing angen-angen, nanging ora ana salahé cara tetimbangan iki ditrapaké ing lingkungan. Umpamané kanggo Ketua lingkungan ngèngrèng bab-bab sing ana ing lingkungané dhéwé. Gawe conto kongkrité, umpamané wae Pakné Ando (ya maklum Pethuk wanine nang lingkungane déwé, ora pati akèh résikoné) maca laporan amplop persembahan ana Senthir saka sasi-sasi wingi tekan paling anyar, nek ora salah Lingkungan Cicilia ngédharké amplop ana lingkungan sekitar 33-an, nanging nyatané sing bisa lega ati ngumpulké mung antarané 12 tekan 15 saben sasiné. Banjur duwé inisiatif nggagas ing pertemuan kanthi terbuka, mbok menawa ana bab-bab sing diadhepi umat, kaya Kung Pri kaé dumèh wis aktif ana ngendi-endi bidhang, banjur nglali kewajibané ngisi amplop biru, apa bab–bab liya; banjur ngoncèki bebarengan murih luwih bisa akèh manèh sing purun ngisi kaya wingi-wingi.
Déné manawa para pangarep sing katon kesel mèh tekan rasa lèh-lèh luwèh, ya gantian para umat mbantu memotivasiI / nyemangati karebèn bali rasa semangat kaya wingi-wingi (ya ngono to mesthine)
Dadi bidang iki nyata bisa digunakaké kanthi flèksibel/luwes.
(catetan : jujur Péthuk rada umuk kumawani nggagas masalah èrènde, kanthi dasar pengalaman naté nyekél bidang r&d iki ing perusahaan; ya dimaklumilah)
Muga-muga ing Pasamuan kita iki, ya bèn ing wewengkon ndésa, tetep ana semiliring angin kang gawé asrining Pakaryan Dalem Gusti.

Uluk salam,
Pétrus Thukul

Tidak ada komentar: