Selasa, 10 November 2009

MEMULE KANG WUS SUMARE

Tanggal 2 November pasamuan suci Katholik netepake minangka dina kanggo mengeti/memule kang wus padha sumare. Umume warganing pasamuan suci padha ngumpul nyembahyangake sanak sedulur kang wus ajal. Ana kang nganakake bojana Ekaristi utawa Upacara Sabda ing makam, ana uga sing sembayang bebarengan ing lingkungan. Kita wis padha mangerti padatan iki adhedhasar Kitab Suci, Kitab II Makabe 12 : 43-46.
Ing wulan November warga lingkungan Gregorius padha ngumpul sembahyangan bebarengan saben malem Minggu, kanggo nyembayangake sanak sedulur kang wus seda, luwih-luwih sadulur saka sing kanggonan sembahyang.
Masyarakat Jawa yen ana wong ajal banjur nganakake sembahyangan kanggo kang ajal nganti kaping 7, yaiku dina kapisan, katelu, kapitu, 40 dina, 100 dina, setaun (manut taun Jawa), lan nyewu dinane. Padatan iki sing umum ditindakake, nanging ana uga sing nganakake slametan nalika pengetan rong taun (mendhak pindho), lan sawise tanggal 15 padha nganakake upacara “Nyadran” ana ing makam, kanthi rerangken uba rampe wujud jajanan warna-warna, dhaharan komplit lan uga woh-wohan.
Kapiye mula bukane padatan slametan kaya sing kasebut ing ndhuwur, penulis nate nampa keterangna lan maca jlentrehe bab mau. Mung bae antarane sing dak waca lan keterangan sing dak tampa ora padha. Manut keterangan kang nate dak tampa padatan mau dhasare riwayate/pengalamane Sunan Kalijaga. Manut crita Raden Said (Sunan Kalijaga sadurunge dadi muslim), sawise martobat banjur kadhawuhan tapa mendhem (dikubur) dening gurune Sunan Ampel. Amarga Sunan Ampel akeh kegiyatan dakwah nganti kelalen karo Raden Said kang dikubur. Nalika kubure Raden Said dibongkar, prayata Raden Said isih urip sanadyan ora sadhar kamangka wis 1000 dina ana njeron khubur. Sawise diupakara lan diusadani Raden Said bisa sadhar lan bisa waluya kaya wingi uni. Raden Said banjur nyritakake pengalamane ing njero kubur sajrone 1000 dina. Apa sing dialami Raden Said bedha-bedha kalane dina kapisan, katelu, kapitu, 40 dina, 100 dina, setaun, lan 1000 dinane.
Ya pengalamane Raden Said ana njero kubur 1000 dina iki kang banjur digunakake dadi padatan slametan wong kang ajal. Sunan Kalijaga (Raden Said sawise dadi wali) iki kang nggunakake padatan lan kabudayan kanggo nggriyarake agama Islam. Antarane padatan slametan kanggo wong kang ajal, wayang purwa lan liyane. Dene manut apa sing dak waca, padatan memule/slametan kanggo wong ajal adhedhasar owah-owahaning badan/raga ing njero khubur sajrone 1000 dina. Telung dinane badan wis wiwit mambu, pitung dinane wadhuk (weteng) bedhah marga bosok, lan sapiturute. Sewu dinane wis ilang wis resik kari balung, untu lan rambute. Mulane slametan 1000 dinane sing ngarani “ngentek”.
Ana ing kalanganing warga Kejawen, nalika memule arwah, kajaba kirim donga uga kirim sesaji, minangka rerangkening slametan. Umume uba rampe sesaji wis arang banget digunakake mbok menawa amarga ora salaras karo piwulange agama utawa marga kurang praktis lan ora ekonomis.
Kita warganing Pasamuan Suci, apa maneh kita wong Jawa, bisa melu padatan mau kanggo memule. Malah kita wis padha mangerti ana buku tuntunan kanggo upacara mau. Yen ana warganing Pasamuan Suci sing kepengin nganggo rerangkening upacara memule arwah, bisa mirsani buku tuntunan kang karipta dening Rama A. Sandiwan Brata, Pr. mung bae perlu dipahami maksud lan tujuane amrih ora nyimpang karo kapitayan Katulik.
Sejatine tumrap warganing Pasamuan Suci memule kang wus sumare, ora kudu manut padatan sing wis ana. Dina kang diparingake Gusti marang kita, kabeh becik, kabeh bisa digunakake kanggo memule kang wis sumare. Malah yen kita sembayang bengi manut tuntunan buku sing ana (Kidung Adi) ing perangan pungkasan kita padha sembayangan kanggo para sukma ing laku pangresikan.
Penulis duwe gagasan yen warga Katulik nganakake slametan kaya padatan Jawa, kajaba kenduren ngundang tangga teparo, uga nganakake sembahyangan kusus warga Katulik. Bab iki kanggo nggampangake sing mbawa sembahyang.
Apa kang penulis aturake iki ora asipat “ilmiah”, awit tanpa dhasar buku literatur, mung asipat pengertene penulis bae.
Mula yen ana para maos kang luwih prana ing bab memule kang wus sumare karsaa paring panyaruwe lan keterangan kang bener amrih para maos bisa kagungan pangertosan kang bener ing bab memule kang wus sumare. Penulis ngaturake agenging panuwun.

P. Winarso Hs.

Tidak ada komentar: